Total Tayangan Halaman

Jumat, 19 Februari 2016

Bahasa Jawa ~ Cerkak (Cerita Pendek)

  • Cerkak : Crita gancaran / prosa kang ngandharake sarining kedadeyan saka wiwitan tekan pungkasan.
  • Titikane Cerkak :
    1. Critane ringkes.
    2. Gegayutan lakone manungsa.
    3. Alur crita dumadi saka wiwitan (awal), dredah (padudon / konflik ), lan ngrampungke prakara (masalah).
  • Unsur-unsur Intrinsik Cerkak :
    1. Tema : Bab kang dadi underaning (inti) ukara. ~Tuladha : Sosial, pendidikan, politik, budy, kesehatan, perjuangan, lsp.
    2. Alur / plot : Urutaning kedadeyan ing sajroning crita saka wiwitan tekan pungkasan. ~Alur kaperang dadi 3, yaiku Alur Maju (Alur kang nyritakake kedadeyan kanthi runtut saka wiwitan tekan pungkasan), Alur Mundur (Alur kang nyritakake kedadeyan wektu iki banjur ngandharake kedadeyan sing kepungkur / telah lalu), lan Alur Campuran (Alur kang nyritakake kedadeyan saka wiwitan tekan pungkasan ananging ana kalane ditarik mundur jalaran ana prakara kang durung rampung).
    3. Penokohan : Wong sing dadi lakon / paraga ing sajroning crita, uga gambaran watak para paraga mau. ~Watak kaperang dadi watak antagonis (watak ala), watak protagonis (watak becik), watak tritagonis (penengah / pembantu tokoh protagonis / antagonis).
    4. Latar / Setting : Ana gandhengane karo panggonan, wektu, lan kahanan / swasana ing sajroning crita.
    5. Sudut pandang : Carana wong nganggit kan manggon ana ing crita mau. ~Garis gedhene dibagi 2, yaiku Sudut pandang 1 ( Aku ) lan Sudut pandang 3 ( dheweke ).
    6. Amanat : Piweling (pesen) / piwulang kng becik saka pengarang kanggo wong sing maca crita mau. 
    7. Gaya Bahasa : Cara-cara manungsa migunakake basa, amrih (supaya) gampang ditampa, endah lan kapenak dirasa lan dirungu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar